--==Rahwana==--
Déwanagari :
रावण
Éjaan Sanskerta :
Rāvaṇa
Jeneng liya
: Raawan; Rewana; Ravan; Dasamuka; Dasagriwa; Dasakanta; Dasanana
Golongan
: Raseksa
Asal
: Karajan Alengka
Senjata : Gada, pedhang,
tumbak, panah, lan liya-liyané.
Sisihan: Mandodari
Rahwana (Dewanagari: रावण,
IAST Rāvaṇa utawa Rāvaṇa; kadhangkala dialihaksara dadi Raavana lan Ravan utawa
Revana, jroning padhalangan luwih kawentar kanthi sesebutan Prabu Dasamuka) iku
salah sijiné paraga ing wiracarita Ramayana. Prabu Dasamuka iya Rahwana iku
putrané mbarep Resi Wisrawa lan Dèwi Sukesi, putriné Prabu Sumali, nata ing
Alengka.
Lairé
Rahwana
Nalika lairé, ing jagad ana ngalamat ala warna-warna,
kayata: udan getih, cahyané Bagaswara katon surem kucem, ing akasa akèh clérét
taun pating sliwer tiba ing bantala, buta, siluman, jin, setan, peri
pahrayangan padha ngaton lan jejogetan.
Lairé Dasamuka saka guwa garba ora kaya salumrahé bayi.
Sepisanan Sang Dèwi Sukesi nglairaké sirah bayi cacahé sepuluh kang rupané
medéni banget. Pakulitané biru, netrané abang angatirah, siyungé mingis-mingis.
Sabanjuré Dèwi Sukesi nglairaké lengen bayi cacahé rong puluh, nuli disusul
perangan awak liyané.
Déning Resi Wisrawa, jabang bayi kang mustakané (sirahé)
cacah sepuluh, abahu lan tangané cacah rong puluh iku banjur kaparingan asma
kang salaras karo kahanané, yaiku Dasamuka (दशमुख,
arai sepuluh), uga sinebut Dasawardana, Dasanana, Dasawaktra, Dasasya,
Sasasira, Dasagriwa (दशग्रीव,
agulu sepuluh) lan Wingsatibahu.
Cilik tekan
Diwasa
Wiwit cilik Dasamuka digegala déning ingkang éyang Prabu
Sumali, supaya seneng ulah kasutapan lan prihatin, saéngga ing tembé dadi wong
sing digdaya sekti mandraguna tanpa tandhing, darbé kaluwihan ngungkuli sapa
baé. Wiwit cilik tekané diwasa Dasamuka lan adhi-adhiné padha urip ing
pertapan, lan mertapa tanpa mangan lan ngombé ing pucuking gunung Gohkarna
lawasé seket taun. Saben limang taun, sirahé dipothol siji, dilebokaké ing geni
sesaji.
Bareng wis ganep seket warsa, Dasamuka karawuhan bathara
Syiwa (Bathara Guru). Dasamuka kaparengaké darbé panuwun, lan panuwuné mau
bakal diudanèni. Dasamuka nyuwun aji jaya kawijayan kang linuwih, jagad ora ana
sing bisa nandhingi. Aja nganti bisa mati mungsuh manungsa, naga, garudha,
buta/raseksa, apsara, widadara apadéné déwa. Kabèh makhluk urip ing saindhengé
jagad kudu bisa dikuwasani kanthi gampang. Bathara Guru ngabulaké panyuwuné
Dasamuka, amung welingé yèn ana kethèk putih, Dasamuka ora dikeparengaké ngina,
apamanèh gawé cintrakané. Awit amung kethèk putih iku kang bisa ngasoraké
yudané Dasamuka.
Sapurnané mertapa, Dasamuka tumuli kasengkakaké ngaluhur
jumeneng nata ing Alengka, nglintir kepraboné ingkang éyang, Prabu Sumali.
Sawisé jumeneng ratu, Dasamuka nedya ngénggar-énggar panggalihé ing Gunung
Kelasa. Lagi waé arep munggah gunung dumadakan ketemu déwa wujud wanara séta,
bebisik Bathara Nandiswara. Nandiswara ngalang-alangi Dasamuka supaya aja
mbacut, awit ing puncaké gunung iku lagi dienggo lelangen Bathara Sangkara
(Sang Hyang Syiwa) ora kersa dicedhaki sapa waé. Dasamuka ora mreduli, malah
nandukaké pangina marang Sang Nandiswara, amarga priksa wujudé kethèk kang
lucu. Nandhiswara duka lan ndhawahaké upata (sot) yèn ing tembé negarané
Dasamuka bakal dirusak déning titah awujud kethèk putih. Sabanjuré Dasamuka
ngongasaké kasektené. Tangané loro dijojohaké ing sukuning Gunung Kelasa
disangga nedya diumbulaké.
Tumindaké Dasamuka gawé kageté Bathara Sangkara kang tumuli
nindhihaké jempol samparané kiwa ing puncaking gunung Kelasa, satemah gunung
ora obah. Tangané Dasamuka loro pisan kejepit Gunung Kelasa, ora bisa dilolos,
malah obah waé ora bisa. Jalaran kelaran banget, Dasamuka mbengok sora. Swarané
ngumandhang ing akasa, agawé girisé tribawana. Suwé-suwé Bathara Sangkara tuwuh
welasé, panindhihé dikendhoni, saéngga Dasamuka bisa nglolos tangané. Bathara
Sangkara nuli paring asma anyar marang Dasamuka: Rawana. saka tembung
"Rawa" kang tegesé arané swara sora nggegirisi. Dudu Rahwana kaya
kang asring dikocapaké para dhalang, kang asring dikérata basa dadi tembung
"Rah" tegesé getih, lan "wana" tegesé alas, kang maknané
Dasamuka kuwi kadadeyan saka "getih ing alas". Kuwi salah kaprah.
Sing bener "Rawana" tanpa aksara "h", dudu Rahwana.
Sedulur-seduluré
Sang Rawana raja raseksa saka Karajan Alengka, lukisan
gagrag India.
Dasamuka duwé adhi cacah telu, yakuwi Kumbakarna (wujud buta
sagunung anakan), Dèwi Sarpakenaka (wujud raseksi), lan Wibisana (wujud satriya
bagus). Karo Prabu Danaraja (Danapati), Dasamuka kaprenah kadang séjé ibu
nunggal rama. Ibuné Prabu Danaraja asmané Dèwi Lokati, putrané Prabu Lokawana
ratu Lokapala.
Prameswariné Prabu Dasamuka widodari asmané Dèwi Tari,
peputra kakung siji asma Indrajit iya Meganandha. Karo garwa liyané, Prabu
Dasamuka apeputra Trisirah, Trikaya, Trimuka, Trinetra, Triweneh, Dewantaka,
Dewantumut, Narantaka, Sagsadewa, lan Pratalamaryam iya Bukbis. Trikaya lan
Trimuka iku putra kembare Dasamuka patutan saka Dewi Wisandi. Sedulur kembar
iki dicritakake duwe kasekten kang bisa urip maneh yen dilangkahi kunarpane
karo kembarane. Dening Kapi Anoman sedulur kembar iki disirnakake kanthi
mbenthusake/ngadu sirahe, saengga kalorone mati bareng.
Gegaman lan
aji-aji
Gegamané Prabu Dasamuka manéka warna, nanging kang kerep
kasebut lan adhakan digunakaké yaiku Candrasa,wujudé klewang cilik (cendhak),
jemparing Kalabardhani, lan pedhang Menthawa.
Aji-ajiné aran Pancasunya (Pancasona) peparingé Resi Subali.
Dayané aji Pancasunya, yèn Dasamuka ngemasi ing sajabaning pepesthen, bisa
waluya jati manèh. Amarga darbé aji Pancasunya, watak-wantuné Dasamuka sangsaya
angkara murka lan adigang adigung adiguna. Akèh para ratu, para raja sakiwa
tengené negara Alengka kang ditelukaké sarana linawan bandayuda, kayata negara
Lokapala, Maespati, Ayodya, Mantili, lan sapituruté. Kejaba kuwi uga akeh para
pandhita kang padha dipaténi jalaran ora sarujuk karo tumindaké Dasamuka sing
ndusta Dèwi Sinta, garwané Prabu Rama ing Pancawati.
Sirnané
Rahwana
Ing perang Giriantara, yaiku perang antarané negara Alengka
(utawa Lanka, vèrsi Indhia) lumawan Pancawati dadi ramé amarga Prabu Rama
dibiyantu déning para wanara. Pungkasané Dasamuka iya Rahwanaa bisa disirnakaké
déning Prabu Ramawijaya srana ditamani senjata pamungkas wujud jemparing
paringané déwa aran Kiai Guhyawijaya. Dadi dudu jemparing Kiai Guwawijaya sing
asring sok dikocapaké Ki Dhalang kaé. Kuwi salah kaprah, jalaran tembung
Guhyawijaya kuwi mengku teges, Guhya tegesé gaib,déné wijaya tegesé kemenangan,
dadi cethané Guhyawijaya kuwi tegesé "kemenangan kang sinandhi/gaib").
Prabu Rama anggoné ngasoraké Dasamuka kuwi sejatiné mung
kinarya lantaran tumrap Bathara Wisnu anggoné bakal mbrasta tumindha dur
angkara murka kang tumanduk ana anggané Prabu Dasamuka.
Bareng Dasamuka ketaman Guhyawijaya ora bisa obah amarga
pusaka iku tumanem ana puseré Dasamuka nganti tembus tekan gigir lan bedhoré
jemparing tumancep ing watu kemlasa. Bareng Dasamuka wis ora bisa obah owah
maneh, uli ragané ditableg gunung Pangungrungan (Somawana) déning Anoman
saéngga Dasamuka pralaya. Sapurnané perang brubuh iku, Alengka banjur diwènèhké
marang Wibisana.
DaffaAndrian.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar