daffaandrian.blogspot.com

Thanks buat teman dan anda semua yang telah mengunjungi blog saya....

Selasa, 11 Oktober 2011

--==TEMBANG MACAPAT==--


          Kagungan tembang ing kasusatran Jawa kena digolongake dadi 3 golongan,yaiku: Tembang Gedhe,Tembang Tengahan,lan Tembang Macapat.Nanginging kalodhangan iki mung ngrembuk tembang macaat wae.Tembang Macapat utawa  uga  asring di  sebut Tembang Cilik,yaiku tembang kang keiket ing telung paugeran/aturan,yaiki guru gatra,guru wilangan,guru lagu.
1. Guru Gatra       : cacahing gatra/larik/baris saben sapada (sabait)
2. Guru Wilangan: cacahing wanda (suku kata)saben gatra/larik/baris
3. Guru Lagu        : tibane/dhong-dhinge swara saben pungkasane pungkasane gatra
        Tembang Macapat iku cacahe ana 11. Kanggo nggampangake anggonmu ngapalake 11 tembang mau gunakna wancahan/cekakan/singkatan tembung iki: “Si-pu-ang-ki-dhan-dur-as-mi-mas-gam-megat”.(Sinom,Pucung,Pangkur,Kinanthi,Dhandanggula,Durma,Asmaradana,Mijil,Maskumambang,Gambuh,Megatruh).
No
Tembang
Wataking Tembang
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.


8.

9.

10.

11.
Maskumambang

Pucung

Mijil

Kinanthi

Asmaradana

Durma

Pangkur


Sinom

Dhandanggula

Megatruh

Gambuh
Watake susah utawa sedih lan melas asih,mula cocog kanggo nelakake rasa kesedhihan kang ngenesake.
Watake sakepenake dewe lan kurang greget,lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.
Watake tinarbuka  lan pantes nelakake pitutur,nasehat lan uga kanggo nelakake crita asmara.
Watake seneng, tresna asih, mituturi, nuladani. Lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresnaasih.
Watake tresna asih lan sedih.Pantes kanggo nelakake rasa brengta,tresna asih lan crita katresnan liyane.
Watake galak, sereng lan ngemu kanepson, mula cocog kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan paprangan.
Watake seneng, antepan ati lan gagah. Lumrahe kanggo rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebapake rasa mangkellan uga kanggo nelakake kahanan paprangan.
Watake sabar, grapak lan sumalak. Lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur.
Watake luwes, kewes lan ndudut ati. Pantes kanggo nelakakecrita apa bae, ing ngendi bae lan kahanan kaya apa bae.
Watake sedhih lan kentekan pangarep-arep(putus asa). Lumrahe kanggo nelakake crita kasedhihankang ngrantasake ati.
Watake grapyak sumalak, mula pantes kanggo nyritakake pitutur.








Daffaandrian.blogspot.com

Tidak ada komentar: