daffaandrian.blogspot.com

Thanks buat teman dan anda semua yang telah mengunjungi blog saya....

Selasa, 11 Oktober 2011

--==TEMBUNG RANGKEP==--


Tembung rangkep yaiku tembung kang wanda utawa linggane karangkep (ditulis utawa diunekake kaping pindo).
1.Tembung Rangkep Kaperang Dadi 4:
Dwilingga Wantah, yaiku tembung kang linggane karangkep.
Tuladha:
Dwilingga Wantah
Linggane
Udan-udan
Luwih-luwih
Mlaku-mlaku
Awan-awan
Udan
Luwih
Mlaku
Awan

2.Dwilingga salin swara, yaiku tembung kang dirangkep linggane nanging ana saperangan swarane kang owah.
Tuladha:
Dwilingga Salin Swara
Linggane
Bola-bali
Nongas-Nangis
Mesam-mesem
Bonjar-banjir
Bali
Nangis
Mesem
Banjir

3.Dwipurwa, yaiku tembung kang wanda wiwitane dirangkep (kang dirangkep wanda sing ngarep).
Tuladha:
Dwipurwa
Linggane
Tetuku
Lelunga
Reresik
Lelumbah
Tuku
Lunga
Resik
Lumban

Dwi Wasana, yaiku tembung kang wanda wekasane dirangkep (kang dirangkep wandane sing ngguri).
Tuladha:
Dwi Wasana
Linggane
Cekakak
Cengingis
Mbegegeg
Ndengangak
Cekak
Cengis
Mbegeg
Ndangak

                    Daffaandrian.blogspot.com

Tidak ada komentar: